Kel Mukidi ..... 👦🏻 Keluarga bahagia 👧🏻
👧🏻 Tuyem : "Arep nangdi kang..?"
👦🏻 Mukidi : "Nggone Sugeng, deso sebelah.."
Ora let suwe, Mukidi wis balik ngomah meneh 🏡🚶🏻
👧🏻 Tuyem : "Kok cepet banget to kang, opo wis ketemu Sugeng...??"
👦🏻 Mukidi : "Durung... aku yo durung tekan ngomahe, Sugeng lagi lungo..."
👧🏻 Tuyem : "Piye to kowe ki kang, durung tekan ngomahe kok ngerti nek Sugeng lagi lungo.."
👦🏻 Mukidi : "Iyo... nang gapura bates desa ditulisi SUGENG TINDAK...
👶Si Ndargombez , anak e, krungu👶
👶 Ndargombez : "Sugeng sampun kundur pak.."
👦🏻 Mukidi : "Kowe ngerti dikandani sopo..?"
👶 Ndargombez : "Dateng bale dusun dipun serati SUGENG RAWUH"
👵🏻Si Tulkiyem; adine Ndargombez melu ngandani bapake
👵🏻 Tulkiyem : "Jane Sugeng wau pas bapak ngendikan , mireng lho pak.."
👦🏻 Mukidi : "Ngertimu soko ngendi..?"
👵🏻 Tulkiyem : "Lha kulo nyetel radio terosipun SUGENG MIDANGETAKEN"
Sak omah rumongso bahagia kabeh
😉😄😃😬😁😂😂
Posting Komentar